Selasa, 03 Maret 2015

Tuladha Pranata Cara Ing Pahargyan Temanten




Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Audzubillahiminassyaitonirrojim bismillahirrohmanirrohim
Nuwun
Nugroho miwah rohmating gusti Allah SWT mugi kabagyan dalah kabagas kawarasan tansah kacandi kasayiro kajiwo wonten ngarso panjenengan sedoyo. Sanggyaning poro rawuh kakung soho putri ingkang satuhu luhuring budhi.
Dhumateng panjenenganipun poro pepunden para pinisepuh ajining asepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu kinabekten pantes lamunto pinundhi.
Panjenenganipun poro pangemban pangembating projo satrio ning nagari kinaryo pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang satuhu dahat tinulat sinu darsono kawulo kawulaning dasih. Poro sarjono sujananing budhi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan. Ingkang satuhu bagyo mulyo poro baroyo wiro wiyoto baroyo wiro tamtomo poro purno karyo labuh projo ingkang hanggung berbudhi dharmo.
Poro ‘alim poro ulama’ ingkang rinten klawan ndalu tansah sumanding pustoko suci kalaming illahi pinongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu pono ing pamawas ledho ing pitutur.
Sagung poro rawuh kakung soho putri ingkang satuhu kinurmatan datan katalompen poro kadang kaneman mitro waruju ingkang satuhu cinaket ing manah.
Nglenggono bileh panjenengan sedoyo lan kulo hamung jejering titah ingkang tansah kapurbo kawaseso dening gusti ingkang moho kawaso Allah SWT, pramilo sumonggo panjenengan sedoyo tansah kulo dherekaken munjukaken pujo puji syukur alhamdulillahirobbil’alamin.




Wonten sahandap pepadaning gusti ingkang moho agung ingkang sampun kapareng paring sih kadarman dhumateng penjenengan sedoyo lan kulo. Satemah ing titi wekdal meniko panjenengan sedoyo lan kulo saget rawuh ing papan meniko kanthi winengku ing karaharjan.
Salajengipun mugi tinebehno saking saru, siku, siku dhendho, tulak, sarik, dhene kulo kumowani hangampil soho hangempil kamardikan panjenengan sedoyo ingkang kalanipun nembe echo sekecho lenggah miwah wawan pangandikan satoto titi titis hanglaras wiramaning ginem, ginem laras, pangundho roso injih awit kulo awrat merdopo dhawuh pangandikanipun bopo harjuno kinem hangaturaken rantamaning titi laksana pawiwahan prasaja ing rikalenggahan meniko nuwuninjeh panjenenganipun bopo harjuno kepareng hanetepi dharmaning asepuh hangrakit sekar cepoko mulyo hamiwoho suta mahargyo siwi dhaupipun ingkang putra putri nenggih nimas ayu rara pergiwa ingkang sampun kalampah dhaup kaliyan bagus koco negoro atmojo kakung ipun bopo werkudoro ingkang lenggah dedalem ing unggul pawenang.
Hananging lenggana bilih kulo hamung jejering titah salantah ingkang jugul cubluk ambalilu miwah kothong ing seserepan soho ashor ing samukawis pramilo tanjangkep ing atur satemah kirang ndhadosaken sarjuning penggalih panjenengan sedoyo jasad pribadi kulo tansah cumadhong lumunturing sih samudro pangaksomo.
Sagung poro rawuh kakung soho putri ingkang satuhu dahat luhuring budhi. Wondhene rantamaning titi laksono pamiwahan prasojo ing rikalenggahan meniko ingkang sampun rinancang, rinacik rinumpak, rinumpoko, dining poro kulowongso kadhi ingkang badhe katur mekaten.
Hadicoro kapisan nuwuninjeh pambuko
Hadicoro urut kaleh nuwuninjeh sowanipun risang atmojo pinanganten sarimbit kalenggahaken ing dampar pinarsi.
Atur pangandikan pambagyan harjo juwoho saking ingkang hamengku gati katur dhumateng sabung adi lenggah sedoyo karacik ing hadicoro urut tigo.
Wondhene hadicoro urut sekawan nuwuninjeh atur pangandikan pasrah panampining putra pinanganten pasrah panampining putra pinanganten.
Hadicoro urut gangsal nuwuninjeh wedharing sabda tama mawitoh khasanah
Wondhene ingkang rinacik ing adicoro urut enem nuwuninjeh hastungkara do’a panutup.




Sagung poro rawuh kakung soho putri ingkang satuhu dahat luhuring budhi. Mekaten menggah rantamaning adicoro pawiwahan prasojo ing ari kalenggahan meniko. Salajengipun kanthi tansah hanyeyatdong sihing gusti ingkang moho agung mugi tumpahing gati purwo madyo wusono saget lumampah kanthi rancap nirboyo nir ing wikoro kaparengo adicoro tumuli badhe kulo adhani pinongko pambuko kaparengo kulo hangaturaken sesanti pamiyah ing warono kinaryo sarono hamemayu hayuning sasomo.
Sagung poro rawuh kakung soho putri ingkang satuhu luhuring budhi. Salajengipun mugi handiko sedoyo sekecakno genyo samiyo palenggahan serambi hangrantu tata laksito adicoro saklajengipun
Nuwun.. nuwunn









Description: D:\GAMBAR\Cartoon\Clip Art\ALPHABET\CACTUS\CACTYKB.WMFDescription: D:\GAMBAR\Cartoon\Clip Art\ALPHABET\CACTUS\CACTEKB.WMFDescription: D:\GAMBAR\Cartoon\Clip Art\ALPHABET\CACTUS\CACTTKB.WMFDescription: D:\GAMBAR\Cartoon\Clip Art\ALPHABET\CACTUS\CACTTKB.WMFDescription: D:\GAMBAR\Cartoon\Clip Art\ALPHABET\CACTUS\CACTIKB.WMF

Tidak ada komentar:

Posting Komentar